“Tegesipun: Wong-wong Arab iku banget kufur lan nifaqe, lan memper menawa ora padha mangerteni marang hukum-hukum kang dipun turunkan Allah marang utusanipun, lan Allah punika Dzat Kang Maha Wicaksana lan Ngudaneni.” (QS. At Taubah: 97)
Wonten pungkasane, Allah maringi pitedah dhumateng bangsa Arab kanthi ngleksanakake owah-owahan ingkang ageng.
Saking kaanan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking penindesan dados keadilan, saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab.
Ugi, saking kebengisan dados kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian, saking permusuhan dados kerukunan, saking kesombongan dados toleransi, saking pepeteng dados pepadhang, saking kemunduran dados kemajuan, lan saking kesesatan dados kebenaran. Punika sedaya amargi kanugrahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Poro sedherek kaum Muslimin ingkang kinurmatan,
Cetha bilih kautusipun Kanjeng Nabi, punika sakestu minangka kanugrahan saking Gusti Allah tumrap kito sedaya. Kita kedah bersyukur kanthi nambahi mahabbah lan tresna dhumateng Kanjeng Nabi, lan ndherek piwulang ingkang dipun turunkan dhumateng panjenenganipun, inggih punika Al-Qur’an.
Ing wusana, mugi-mugi kito kalebet tiyang ingkang pinaringan kabegjan, kados dhawuhipun Al-Qur’an:
فَالَّذِيْنَ أمَنُوْا بِه وَعَزَّرُوْهُ وَاتَّبَعُوْا النُّوْرَ الَّذِيْ اُنْزِلَ مَعَه اُولئِكَ هُمُ الْمُفلِحُوْنَ
“Tegesipun: Wong-wong ingkang iman marang Kanjeng Nabi, lan mulyaake, mbelani, lan ndherek pepadhang pituduh ingkang dipun turunkan dhumateng Kanjeng Nabi, yaiku Al-Qur’an, wong-wong meniko kalebet tiyang ingkang pinaringan kabegjan.” (QS. Al A’raf: 157)
Baca Juga: 6 Doa Maulid Nabi Lengkap: Tulisan Arab, Latin, Artinya
Mugi-mugi kita tansah dipun paringi pitulungan lan saged ndherek Kanjeng Nabi lan pitedahipun Al-Qur’an, lan pungkasanipun kalebet tiyang ingkang pinaringan kabegjan saking ngarsanipun Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin.